Cerkak “KATHOK KODHOK”

KATHOK KODHOK

Dening : Dhidhik Setiabudi

Esuk-esuk wong pada sibuk menyang papan pegaweane, bakul-bakul pada mangkat neng pasar, bocah-bocah pada mangkat neng sekolahan. Aku sing lagi prei kuliyah lungguh neng teras karo sms-an kancane. Merga ora ana sing gelem bales smsku, aku menyat lan mlaku nuju omahe mbakyuku sing ora adoh saka omahku. Tekan omahe mbakyuku ponakanku sing cilik dhewe lagi nangis mewek-mewek.

Tangise ora kaya biyasane, gawe jengkele ibune sing lagi sibuk nyiapake mulang menyang sekolah. Bojone durung mulih saka tilik sawah saka bar subuh.

Dene anake liyane wis padha menyang neng sekolahe dhewe-dhewe, merga dina kuwi ana ulangan semester.

“Dhik, tulung titip Teta, dijaga ya! Dineng-nengi ben ora ngganggu. Aku jan lagi sibuk tenan lho. Nek arep sarap kae neng meja makan ana sega goreng.” Panjaluke mbakyuku iki karo mangkat mulang menyang sekolahan.

“Ya, dak neng-nengane. Sega gorenge tak entekne ya mbak?”

Aku banjur mlaku nyedhaki ponakanku sing umure durung ana patang taun.

“Udah yah… Mama udah berangkat sekolah  tuh. Kan kasihan kalau adik nangis terus.. ntar mamah enggak jadi kerja, kalu enggak kerja mamah enggak punya duwit, terus Teta besok makan pake apa hayo?”

Aku omong nganggo basa Indonesia. Pancen bocah jaman saiki basa jawa sing alus ora padha ngerti. Mulane ing kulawargane mbakyuku basa padinane campur-campur. Malah luwih akeh padha nganggo basa Indonesia.

Rasane lucu yen aku nyoba nganggo basa jawa sing alus. Bocah-bocahe padha ora seneng. Banjur aku mau miwiti nganggo basa Indonesia.

Bocah-bocah uga wis ora nyebut rama utawa ibu marang wongtuwane, nanging wis migunakake tembung Papah utawa Mamah.

“Kenapa menangis terus Teta? Apa karena dinakali Mama?”

“We…weeee… Teta mau dibelikan baju baru …we…wee..”

“O… Teta minta dibelikan baju baru?..”

Teta kepengin ditukokake klambi anyar. Teta nangis mewek-mewek jalaran kepengin ditukoke klambi anyar kaya dene duweke Imah, kancane ponakanku sing umahe arep-arepan karo umahe dheweke.

Klambi anyare Imah gambar Dora. Gambar kartun sing ponakanku seneng banget anggone nonton nek neng tv.

Mbok menawa bapak ibune mung durung sempat wae. Aku nyoba ngeneng-enengi ponakanku sing lagi mewek-mewek kuwi.

“Besok Om belikan ya… mau enggak?”

Krungu jawabanku mau, dheweke banjur ketok lega. Ngusap luh neng
pipine, senajan isih mimbik-mimbik manja banget.

“Besok Om belikan yang namanya celana kodok ya? Teta tahu enggak?”

Jawabane ponakanku mung gedhek-gedhek. Ora ngerti apa kuwi sing jenenge kathok kodhok.

Kamangka dhek jaman cilikanku, kathok kodhok kuwi istimewa banget. Saben bocah yen krungu tembung kathok kodhok bisa banjur senenge ora mekakat. Kathok kodhok dadi favorite bocah-bocah. Mergane yen dienggo anget tur ora mlotrak-mlotrok.

Aku banjur crita marang ponakanku ngenani kathok kodhok kuwi.

Aku crita pengalamanku dhewe karo kathok kodhok anyarku.

Ing jaman semana aku duwe kathok kodhok sing anyar. Kathong sing nembe ditukoke ibuku merga aku rangking siji neng sekolah.

Isuk-isuk dina minggu aku dolanan ingkling karo kanca-kancaku neng ngarep omahe tanggaku. Aku dolanan karo Asih, Salim, Kawer, Udin Lan Awi. Merga aku dolanane karo bocah-bocah kang luwih tuwa tinimbang aku, isuk kuwi aku klah terus. Kawer, Udin lan Asih menang terus, aku, Salim lan Awi sing umure lewih enom kalah.

Kawer pancen juwarane nek dolanan ingkling, bocahe langkahe dawa, lincah lan ora pernah salah. Nembe sedilit diwiwiti Kawer langsung oleh sawah dhisik.

“Aku lan bala-balaku ya durung wiwit, Kawer wis oleh sawah.”

Nelangsane atiku wektu kuwi.

Saya awan aku lan bala-balaku saya kalah saka Kawer lan balane. Wektu kuwi kira-kira jam 10 awan ujug-ujug ana suwara pret…. preet…. preeet…. preeeeeetttt………… Sarapanku mau isuk metu kabeh ing tengah-tengahe dolanan ingkling, aku ngobrok (ngising neng kathok). Suwara pret…. preet…. preeet…. kuwi banjur gawe ambune plataran omahe tanggaku sing wah… jan ora karuwan. Saking akehe regedanku sing metu ora sengaja, regendanku ngasi pada metu pating klapret neng sikil lan lemah sakngisorku. Kathok kodhok anyarku uga dadi robah warnane lam ambu banget.

Kanca-kancaku banjur padha bengok alok:

“Oeeee, Dhidhik ngobrok! Dhidhik ngising neng kathok!”

Mboko siji kanca-kancaku padha mlayu nyingkiri aku karo nutup irunge.

Aku mung bisa nangis nggugug ditinggal kanca-kancaku. Aku nangis merga kathok kodhokku sing anyar dadi reged kena abyuran saka wetengku. Aku isin banget. Ora let suwe, ana wong sing nyedhaki aku, sing nyedhaki aku ora liya ya ibuku.

Aku ora dinesoni. Ibuku malah mung gumujeng. Aku banjur dicandhak digawa bali, aku digawa menyang menyang kamar mandi diresiki Ibuku.

Ibuku ora wegah ngresiki regedanku. Ibuku ora wegah nyedhaki ambune regedanku. Ibuku ora wegah nyandhak awakku lan nyawiki aku. Ibuku ora duka weruh kathok kodhok anyarku dadi reged. Lan aku banjur meneng anggonku nangis. Aku mandeng ibu sing isih gumujeng lan gawe tentreme atiku.

Aku adus banjur ganti klambi lan dolan meneh karo kanca-kancaku mau.

Aku ora isin sanajan diledheki terus neng kanca-kancaku. Apa meneh Udin sing pancen seneng banget ngedheki bocah, aku diledheki tukang ngobrok, kanca-kancaku kabeh ya padha melu nyoraki aku tukang ngobrok.

Ngrungke critaku mau, Teta ngguyu kepinggkel-pingekel lali karo tangisane. Senajan bocah tesih cilik, Teta kalebu bocah cerdas. Dheweke pinter lan gampang mudeng  yen ngrungokake crita. Jare wong-wong daya imajinasine Teta wis dhuwur, wis bisa mbayangake sing dicritakake wong marang dheweke.

Aku ndonga moga ponakanku iki dadi wong sing pinter.

Sakwise tak critani penglaman jaman aku tesih cilik, Teta tak jak sarapan karo sega goring sing wis disiapake Ibune sedurung mangkat mulang mau.

Aku lan Teta sarapan.

Jam 9 awan Bapake teta durung mulih saka sawah wiwit mau isuk, Teta njuk kelingan karo janjiku mau sing jarene arep nukokake kathok kodhok.

Aku karo Teta menyang pasar coba nggolek kathok kodhok sing kaya biyen aku tau duwe. Ning jaman saiki wis ora ngetren maneh kathok kodhok sing kaya jaman biyen aku cilik. Bakul-bakul ya wis padha ora adol kathok sing model kaya ngono.

Aku sidane nukokake Teta klambi gambar Dora persis kaya duweke Imah. Regane limolas ewu perak. Bali ngomah Teta seneng banget klambine anyar, nurut dalan dheweke nembang pertandha bungahe ati. Aku uga seneng bisa gawe seneng atine ponakanku.

Tekan ngomahe Teta, Kangmasku utawa bapake Teta wis lagi lungguh neng teras. Teta tak pasrahake marang bapake njur aku mulih bali neng omahku.

Sakwise tekan ngomahku, aku kelingan pengalaman mau, pengalaman sing nembe tak critakake marang Teta, aku mung bisa ngguyu dhewe. Kathok kodhokku sing anyar wis reged lan mambu. Nanging aku bisa nemu gumuyune ibu sing ora ilang saka rasaku ngasi sakprene.

Yen ing kulawarga isih ana ibu sing bisa gumuyu, ngresiki reregedaning anak, sepira begjane wong neng alam donya. Yen akeh sing isih padha bisa gumuyu uga ngresiki reregeding urip bebrayan. Mesthi urip bakal padha tentrem ora ana mungsuh lan tindakan sing gawe ora kepenak marang liya.

3 responses

  1. ceritanya lumayan bagus.

  2. critanya mmbuat sy tringat ibu sy trcinta mas didik…

  3. You actually make it seem really easy along with your presentation however I in finding this topic to be really something which I feel I’d never understand. It kind of feels too complicated and very vast for me. I am taking a look ahead to your subsequent submit, I will attempt to get the dangle of it!

Tinggalkan komentar