Transliterasi Serat Erang-erang

TRANSLITERASI ORTOGRAFI SERAT

ERANG-ERANG

Oleh : Dhidhik Setiabudi


SERAT : ERANG-ERANG

Tiyang ingkang gadhah pakareman madat, kenging binasakaken: boten wonten ingkang pinanggih sae, tiyang sae manahipun: dados awon, tiyang setya: dados dora, tiyang sugih: dados malarat, katresnan dhateng anak bojo: dados suda, terkadang sirna babar pisan.

Sarehning pakareman madat, ingkang pinanggih naming adamel sangsaraning badan, mindeng ngantos dumugi ing pejah tangeh sagedipun manggih kamulyan saking pakarti wau, punapa boten prayogi pakareman wau kasatru, ingkang sampun kalajeng madat kaka undur-undur, awit sumerep kula naming bangsa Cina piyambak sarta ingkang sampun sugih andarbala gadhah pakareman madat: wilujeng, manawi bangsa jawi dipun padosa nama witing, boten saged kapanggih tiyang karem madat kasinungan begja saged mukti wibawa, ingkang mest kapanggih tur ambasalah pinten-pinten tiyang tiyang Jawi sami nandang papa cintraka saking pakareman wau. Wuh bangsa kula titiyang Jawi mugi sami santosaa ing manah anyingkiri babaya ingkang gampil singkir-singkiranipun bilih dereng kalajeng, isining dunya boten kirang kabingahan sanesipun madat, kula amelaken cariyos lalampahipun tiyang ingkang gadhah pakareman madat, dados dede dongeng utawi anggitan, nama cariyos lugu, sami nandang papa cintraka saking gadhah pakareman madat, dados ing ngandhap punika.

1. TELEDHEK NYERET

Ringgit taledheng punika ingkang kathah kawijilan anakipun tiyang sudra papa, menawi sagen kembul, boten dangu lajeng dados tiyangsugih, leresipun enget dhateng kawijilanipun wau, anggemeni kayanipun, angiwit-iwit tedhanipun, supados kasugihanipun saged lestantun, ing salami-laminipun ngantos dumugi ing pejah, punika boten mekaten, watekipun remen angeceh-eceh yarta, saking gampil angsalipun, ananging sanadyandipun awut-awuta, menawi awakipun taksih kombul, dados kembang lambenipun tiyang sanagari, misuwur ing ngamanca praja, menawi dipun nayub pikantuk yarta tombokan sadalu saged angsal atus rupiyah, menawi dipun nayub wonten ing pacinan naming dumugi: jam 2, epahanipun 25 rupiyah, menawi siyang, 15 rupiyah, katayub ngantos 8 dinten 8 dalu  = 320 rupiyah, menawi katayub dhateng pasisir langkah saking samenten, mila ringgit kondhang enggal katingal sugih saking agenging kayanipun, nanging wonten amanipun ingkang murungaken sande tiyang.

Sapisan, ringgit punika menawi mentas katayub, sayahipun setengah pejah, boten marem naming dipun pijeti kemawon, ingkang saged ngenggalaken matur sayah, dipun sereti, saya kathah saya sekeca, sarehning boten kirang yarta, anggenipun tumbas jampi sayah (candu) inggih kathah, dipun dum-dumaken dhateng sami nyeret, boten dangu awakipun piyambak inggihlajeng nyakot nyeret, punika wiwitipun ama angraketi, swaranipun lajeng erak boten buntas, wiletanipun suda dening napas cendhak, warninipun mantuna ayu, katingal estri nyeret, wusana suda larisipun, wewah-wewahipun kasugihanipun enggal sirna kados kinebat, lajeng dados tiyang awon rucah, nandang papa cintraka, pejah dados dameling nagari.

Kaping kalih menawi kacandhak ing sakit anggigirisi ingkang sampun dados bebahaning tiyang royal, badhanipun enggal telas kangge epah dhateng dhukun, sarta dipun seret nganggur, punika saya enggal dhumawah ing cilaka, pejahipun boten ules-ulesan.

2. NYERET ANAK MURANG SARAK

Tiyang ingkang sampun kalajeng gadhah pakareman nyeret punika sampun mesthi boten saged medhot, nyuda tadhah inggih boten saged. Sageipun menawi kapeped, nanging badanipun inggih sakit, ginemipun telas, kados tiyang anem, beda menawi tadhahipun dipun indhaki, lajeng anggrecek, ginemipun warni-warni tanpa kendel, kasambi kaliyan ngelus-elus bebudan, dados tiyang gadhah kasagahan medhot nyeret punika dora.

Wonten anaking priyantun mantri: murang sanak, lajeng kacandhak ing pakreman nyeret. Bapakipun sampun kawekan boten saged ngengetaken kalakuwaning anak awon, lajeng dipun sebrataken kaseksekaken ing parentah boten dipun aken anakipun, kelajeng-lajeng risakipun ngantos apapariman, wusana bapakipun ajal. Anak naming kalih jaler estri tunggil bapa biyung, biyungipun mituturi:

Engger: satinggale bapakmu, barang iki kabeh kaduwe ing aku, kowe lan adhimu, lan apa ora kapengin anggenteni kapriyayen. Karepku kowe saiki manganga, nagging medhota olehmu nyeret, awit iku dadi laranganing nagara, abdi dalem ora kena nyeret.

Kula punika rumiyin mangke, puran-purun kemawon medhot punika.

Sebab apa ora nuli kolakoni.

Tiyang suwargi bapak kesangeten anggenipun nyuki dhateng kula, kados tiyang dipun niyaya.

Bapakmu aja kocatur ala, karsane becik, kowe sing ora tampa, ngendi ana bapa gething marang anak. Saiki marenana budimu kang ambalasar, medhota nyeret iku sing nukulake dadi ora genah.

Inggih kula andherek karsa sampeyan magang dhateng parentah, nanging agem-agemanipun bapak kula susun sedaya, magang menawi boten bragas: kula isin.

Iya tak turuti anggere temenan kandhamu, nanging medhota dhisik.

Sapunika kula sampeyan paringi yarta salangkung rupiyah kangge tumbas jampi dhateng singseh, sarta age-agemanipun bapak kula suwun sapunika, benjing-benjing kula tapak sowan.

Apa ora krasa ketagihan ana ing paseban yen olehmu medhot durung suwe.

Kula wau sampun matur nyuwun arta patumbas jampi salangkung rupiyah, janji kalebetan jampi permati punika inggih lajeng boten doyan nyeret, menawi kalebetan candu: nuntak.

E, eh, setijap temen tamba mengkana kuwi, biyen-biyen kowe kandaa menyang aku bae: tak wehi sing nganti ora kauningan bapakmu. Enya tak wehi dhuwit salawe rupiyah sarta agem-agemane bapakmu enggonen kabeh, sesuk wiwita tapak seba.

Mangsa sageda lajeng dadakan, kedah jajampi rumiyin dipun leremaken wolung dinden, punika tapa karaos sakiting badan.

Iya sakarepmu nanging nuli lakonana.

Pangunandikaning anak murang sarak: wong magang iku jam 8 esuk wis seba, ulihe jam 2, tanpa balanja mung nganging bae, iku kenan wong nganiaya awake dhewe, apa ing dunya mung wong magang bae sing kebener uripe,cacak sing wis dadi priyayi akeh sing sothal-sathil, dene sing aran kebeneran iku mung wong nyeret, kang kacukupan, kalemahan ana kasur yen wis mendem rasane kaya diiyun bandul, ora ana kanikmatan ing dunya kaya wong nyeret. Yen wis mendem rasaning ati kaya bisa nguntal jagad (kalintu nguntal kelbu) panemuku mung anggere aku bias ngapusi biyung amaling bapa kang wis ura ana bias, tumiba ing anak kabeh, anake bapak mung loro aku, siji wadon, iku prakara gampang, gampang apus-apusane, apa sakandhaku amesthiditurut.

Anak murang sarak sampun tapak magang cariyose dhateng biyungipun. Sayektosipun naming kloyongan kemawon, kesel matuk nyeret, panganggenipun mopyor, dipun sukani pasangon setengah sadinten, nanging tansah kirang, awit tadhahipun nyeret boten kenging kirang kalih tengah sadinten. Sarehning ngamaling bapak biyung namung dipun tedha nganggur wah dipun uleri ing anak murang sanak, ingkang kathah dipun seret, inggih enggal dhadhal.

Antawis sataun kalenggahaning bapa dipun gentosi tiyang sanes, biyungipun mireng kemlusuran lajeng ajal. Anak murang sarak kapejahan biyung boten prihatos, malah bingah, awit badhe kadugen kajengipun. Adhinipun taksih alit, boten saged mambeng kajengipun. Amaling bapa biyung telas dipun seret. Griyanipun lajeng kasade, boten dangu yarta papajengan ing griya lajeng telas. Anak murang sarak kacepeng anggenipun mandung, kaukum 4 taun, pejah wonten ing bucalan.

3. PANEKET KALIYAN BALANTIK: NYERET

Md. a. Paneket (nuju nyeret ing salupan mapa) ga: kang bacut mawon cedhak kula ngriki.

Balant. b. Blantik, inggih.

Mang wau saka pundi ?

Saking griya kemawon.

Napa empun oleh padikan jaran becik ?

Sowan kula punika inggih badhe matur bab welingan sampeyan kapal sampun angsal, nanging taksih kula damel wados, ingkang gadhah Cina ngepakan tinem1) wulunipun jragem tahsih satunggal silih, cirinipun satriya pinayungan, kula wastani suduk, boten sae, asring adamel bilaenipun ingkang gadhah, menawi wonten tiyang badhe tumbas, sae kasade kemawon.

Mang nyeret dhisik, mangke mang tutugake melih

Wah, cemenganipun kandel temen mas neket, kados cukitan piyambak bae.

Enggih dhasar cukitan dhewe, samang mathuk napa boten, nek anu kula gawekake dhewe sing tipis.

Ayang, anggen kula mastani kandel saking mathuk.

Bareng jarane mang kon ngedol, babahe pripun.

Wangunipun melanggong dening saweg remen-remenipun, tumpakanipun sekeca sekeca sae lambe manahipun. Gela kula cacad cirinipun awon. Saweg sageleng kula sampun kraos, kandel sayektos mas neket.

Kula enggih empun krasa, karodene niku dede candu Ngepakan, candu peteng oleh kula tuku saka Kridheh tesih wujud apyun. Kula kothok sathithik-sathithik, mulane enak. Wong liwetane dhewe, mengke mang tutugake melih, tunggale sing okeh.

Mas neket punapa nempilaken, mangke kula nyuwu pangaos sarupiyah kemawon.

Gampang apyun pangaji sarupiyah, mang kenakake jarane dhidik.

Sampun kasesa, Cinanipun menawi mireng sampeyan ingkang badhe ngrasakaken tumbas, amesthi mlangkring, sumerep menawi sampeyan sugih.

Kerta ajining jaran, wong dol tinuku rega pinten ?

Ingkang sumerep dhateng cirri sae: kalih atus boten dipu awis.

Empun: ta, mang perlokake mrika sadhela, napa katrangane mangke bali.

Inggih kula dhateng Tinem sekedhap, amit bah.

Md. K. Cina pranakan, engga mang lajeng mawon.

Enggih.

Mang wau saking pundit: dene siyang-siyang.

Saking griya mawon, enjing nyeret kriyin, nek empun kraos enggih kloyang-kloyang.

Pancene samang ajeng kula welingake, kaleresan samang dhateng piyambak.

Mang welingake onten damele napa.

Anu, kapal kula sing mang wastani cirri suduk, manah kulak ok ragi samar, kula niki kerep teng klathen numpak kapal pelu pasok pajengan candu teng Ngepakan. Mengke onten mergi dibegal ing durjana, disuduk, enggih ditumbak tiyang, dados awising purun numbas, ewadene jembar-jembaring jagad boten onten barang sing boten pajeng disade, nanging enggih kedah narimah tuna sawatawis.

Nek tuni kula boten suka, mung kula bukaka kemawon, panumbas kula resik 120 rupiyah, kawrat onten serat lulusan.

Kula bektane kapale saniki, nanging kedah disipengake sadalu teng sing ajeng tumbas, ditandha gedhong watuke, nek botenenggih siyos ditumbas.

Sing ajeng tumbas niku sinten.

O, niku wado bah, samang mung nyerepi jangkepe yarta 120 rupiyah, kajawi kalong ujuran teng kula.

O, nek prakawis ujuran kula boten saged ntukani, sasat nama tuni, mang pados ujuran seeking ngrika.

Mongsaa lama tiyang tumbas ditedhani ujuran.

Ujurane 120 rupiyah pinten.

Ming 5 rupiyah, petangan sareyal suwang.

Enggih: ta, gampil nek saged pajeng buk sapanumbas kula 120 rupiyah.

Kapal lajeng kabekta blanthik dhateng griyanipun paneket.

Md. N. Paneket niku kang jarane sing mang alem becik.

K. Dhasar inggih punika mas neket, sampeyan cacad pada wadananipun, punapa awon, tumpakanipun kula aturi nyoba nitihi, punapa lunyu, manahipun sampeyan galedhahi punapa kendho, lambenipun karaosaken punapa awrat, menawi atur kula mlesed: kadukanan.

Enggih, nanging mungguhing tunggangan kula keciliken kurang sadim.

Leres, nanging menawi sampun katitihan lajeng katingal birawa saking prigeling tandang sarta saeningt lambe manahipun.

Nanging kelarangen banget nek nganti 200 rupiyah, wani-wani kula nyengka mung karo belah.

(Sampun mendhet manahing blantik, badhe angsal colotan 30 rupiyah) bok kagalih yektos atur kula wau, kiranga saking ancer-ancer kula: sampun kathah-kathah.

Empun boten bisa mundhak panganyang kula saka karo belah, kula niki empun kapatuh dol tinuku niku mung uni sapisan, kaya wong dol tinuku apyun.

Kalampahan sade tinumbas kapal rampung, cina saweg sumerep yen ingkang tumbas kapal satrunipun bubuyutan, paneket semokel, cina amanah, prayogi ngipouk dhateng blantik, supados supeket kaliyan paneket, blanthik lajeng dipun undang, sareng dhateng dipun wincanteni. Sapunika Md. N. Samang kula undang niku kula jaluki tulung mang dadi congsun gelap ngepakan tinom, oleh cadhong tike saben dina lan oleh blanja saben sasi, gawene mung ugi sep-isep wong kang padha wani ngrusuhi teng ngepakan, yen oleh gawe oleh ganjaran.

Watekipun tiyang nyeret janji dipun sukani melik, supe dhateng tiyang ingkang sampun nyaeni, sanadyan dhateng mitra darma inggih supe, ciptanipun, begja kemayangan aku, dipilih dadi congsun, nyeret ana sing nadhahi, saben sasi oleh blanja, tur kena tak sambi nindake blantik, saya ora ketara enggonku dadi congsun ora digethingi ing wong, wangsulanipun,

Winales Md. N. kula engging gelem nek olih pikukuh kamot ing laying saka ngepakan gedhe.

K. Kalampahan belantik dados congsun peteng, angsal pikekah saking ngepakan ageng, saben dinten nyadhong tike satadhahipun sarta sampun nampeni balanja saweg sawulan, dereng angsal damel, manhipun risi piyambak, sumelang manahi dipun pocot, ciptaning, mas neket bae tak gawene wadal,kae semokel gedhe, yen aku bisa oleh gawe sapisan bae: sing gedhe, amethi bakal lestari enggonku dadi congsun mangan nganggur ing salawas-lawase. Lajeng dhateng griyanipun paneket, sarehning sampun tepang sae, boten dipun sigeni,lajeng seretan wonten ing pangdhapi, kathah rembagipun.

Blanthik, anu mas neket, kula dhateng nagari dipun boboti ing sadherek pados barang, kual wangsuli gagah, kula saged madosaken barang yen kathah sarta yen yarta kenging kula tampeni rumiyin, punika sampeyan punapa saged anggalih.

Prakara ngonten niku boten gampang, kalih nek tanggung-tanggung kula boten gelem.

Karsa sampeyen kados pundit, menawi kula sagen ngrembagaken.

Nek kula gelem ngetokake barang boten kurang 10 kati, sakatine mung kula culake 60 rupiyah, dadi onten dhuwit 600 rupiyah, dhuwite kriyin, barang kentun, utawa lung tinampan.

Menawi namung satunggal kalih regi pinten mas neket.

Niku empun tiba ingkul didol 75 rupiyah. Nanging nek kula boten bisa adol siji loro.

Coba kula rembagipun rumiyin, menawi angsal damel kula sowan mriki sampun ambekta yarta.

Blantik lajeng dhateng tinom kapanggih cina ngepakan, sanjang pikantukipun damel, nanging kedah mawi jontrot yarta 600 rupiyah, mangke pukul 9 sonten dipun ken nampekaken dhateng paneket sasampunipun tiyang kang ambekta barang dhateng. Sareng pukul 7 sonten, blantik dhateng ing griyanipun paneket sarta smpun ambekta yarta awarni wang kertas 600 rupiyah dipun katingalaken dhateng paneket, lajeng seretan, paneket ical kaprayitnanipun, sareng ngajengaken pukul sanga babau pulisi tiyang kalih dhateng, dipun awadaken ingkang badhe nampeni barang, paneket lajeng mendhet barang saking pasingidan 10 kati, katampekaken dhateng blantik gentos anampekaken wang kertas 600 rupiyah, saweg lung tinampan, grudug pulisi dhateng kanthi punggawa pak paneket kacepeng kabekta dhateng kabupaten pulisi Klathen, kalebetaken ing kunjara, prakawis kaurusaken katur ing nagari dalah pasakitanipun paneket, kakunjara ngantos sataun saweg karampungan, paneket kapatrapan paukuman nyambut damel paksa tanpa karante laminipun setaun, kaukum ambayar dhendha sewu rupiyah, punapa dene kapocot saking kalenggahanipun. Paneket sanajan waunipun dados tiyang brewu, ageng pamedalipun nyambi dados semokel, sapunika kedadak dados tiyang nistha anandang papa cintraka, saumpama paneket boten gadhah pakareman nyeret, amesthi boten tuwuh manahipun remen dados semokel, dados cilakanipun ngantos saged anyoplokaken kuluk, jalaran anggenipun gadhah pakareman nyeret.

4. SAKIT LUMPUH NYERET

Cariyosipun tiyang sugih gadhah anak andhugal, nelas-nelasaken kasugihaning bapa.

Juragan sugih ing lawiyan (Surakarta) karan juragan semel gadhah anak namung satunggal jaler, nama Bagus Surasa, dinamadama dening bapa biyung, dipun uja sakajengipun, boten purun sinau dhateng kasagedan, dipun pardi wangkot, kalajeng-lajeng ngantos dumugi jaka, saya andhugal boten wonten ingkan dipun erepaken, nelas-nelasaken barang, bapa biyungipun ngenes dipun resahi ing anak gatilaning manah, kacandhak ing sakit angranuhi, Bagus Surasa ing batos bingah yen bapa biyungipun tumunten ajal. Pangeran karsa damel lalampahanipun, bapa biyungipun Bagus Surasa sakitipun sami madal jampi sarta lajeng ajal gentos-gentos. Bagus Surasa anggentosi kasudagaraning bapa, nanging boten karan sudagar Semel, karan sudagar ber.

Sudagar ber nalika gesanging bapa dipuntantun rabi boten purun, sapunika gadhah niyat badhe rabi, ingkang dipun remeni rabi taledhek, inggih boten kirang tiyang ingkang angobyongi, remen suka-suka mangan nginum, remen kerengan, dening sagen maen tangan (selat) dipun rencangi mitranipun lare ugal-ugalan, mila sakalangkung kajen keringan, polahipun saya andara, boten sumerep dipun lumuhi ing tiyang.

Kasudagaranipun lajeng kendel, boten nyambut damel naming anjurungi kabingahan, wusana kecendhak ing sakit estri lumpuh boten saged lumampah, katularan ing bojo taledhek, bojo lajeng kabucal, nanging sampun kasep, sampun kalajeng sakit, dipun usadani punapa-punapa boten saged mantun, sakitipun madal jampi ngrengan rinten dalu, ingkang saged mayaraken sakitipun naming menawi dipun sereti, dipun kathahi saya kathah mayaripun, inggih enggal kemawon nyakot nyeret ageng, rinten dalu naming wonten kaliyan nenedha ingkang miraos, sanadyan kasugiyanipun kenging kadamel nambak lepen pepe, inggih enggal saged dhadhal, begja juragan berlajeng pejah boten panjang umuripun, saumpami boten tumunten pejah, amesthi nandang papa cintraka apaparipun.

  1. TIYANG NYERET NABOKI ANAK BOJO

Dhuk (anakipun) aku tukokna candu saumpling gilo dhuwite sakethip, dirikat, aku selak ketagiha.

Nyang ngendi pak, (lare umur 10 taun).

Menyanga Cayudan bae, cedhak, aja menyang Singasaren.

Lare lajeng mangkat, arta kethip dipun gegem, dilalah wonten ing margi artanipun kethip rentah boten kraos, katungkul anggenipun ningali punapa-punapa ing margi ingkang dipun tingali, sareng engrt perlunipun badhe tumbas candu, gegemanipun sampun pinanggih kothong, saking kagetipun lajeng nangis kaliyan madosi artanipun kethip ingkang rentah, nanging boten saged pinanggih, wongsal-wangsul turut margi ingkang mentas dipun langkungi, badhe lajeng manthuk jrih, menawi dipun srengeni bapakipun.

Bapakipun sakalangkung angajeng-ajeng dhateng anakipun, dening sampun ketagihan, umbel meler, waing tanpa kendel (punika watekipun tiyang ketagihan madat), boten antawis dangu anakipun katingal dhateng enggal dipun pitakeni, “endi umplinge, suwe temen, mau dadak apa.”

Anakipun mangsuli, “dhuwite ilang ana ing dalan, tak goleki ora ketemu.”

Kados punapa riwuting nepsune bapa, wicantenipun, “bocah kena ing sibat, anake wong edan”, (ngantos supe dhateng wicantenipun piyambak), anakipun dipun tempiling sakayangipun ngantos kalayaban, katungka bojonipun dhateng, sumerep anakipun dipun tempiling, pretek-pretek murinani, wicantenipun dhateng tiyang jaler, “kowe apa edan nabok bocah ora nganggo duga, nganti kalayaban.” Ingkang jaler saya wringuten, ingkang estri dipun tabok sakayangipun, panonipun ngantos sumrepet, trangginas lajeng angruket ingkang jaler sarwi wicanten, “bacutna wong edan, yen ora sida modar kowe, aja ko arani aku.” Ingkang jaler pringisan, sarta sambat angruntuh wis wis bokne, culna, aku wis kapok, lajeng dipun culaken, dipun pitakeni, iki mau kowe kesurupan apa dene nganti kaya wong edan, kolu naboki anak bojo.

Wong kebangeten, bocah wis gerang ora genah tak kon tuku candu dhuwite diilangake.

Olehmu tuku candu pira.

Sakethip.

Dene mung sekethip, endhasing anak, tombok endhasing bojo, dadi keplokan, wadine kowe ketagihan, enya tandhahmu sedina rong umpling mau tek tukokake ceroken sing nganti mlukek.

Endi wong wis ketagihan ngene: kok, lajeng dhateng patileman: nyeret.

Punika watekipun tiyang nyeret, kanepson ingkang saweg kalampahan.

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

%d blogger menyukai ini: